Sunday, July 22, 2018




Wong ora pernah ngira yen apes bisa bae disebabna karena hal sepele. bagi pengendara sepeda motor tentune "Kampas Rem" kuwe sesuatu sing ora asing ning kuping para sedulur ngapak. nanging ora dikira bahwasane kampas rem akeh sing ora terlalu peduli apa maning yen wis waktune ganti.
Sedulur ngapak, kampas rem motor kuwe sesuatu sing sepele, nangin yen disepelekna nemen-nemen bisa nyebabake perkara sing gede. sing sering ngendarai sepeda motor malah bisa menyebab sesuatu sing fatal nemen, (Kecelakaan). yaa bener bisa menyebabkan cilakane seseorang lan mbahayakna wong liyane.

Beberapa perkara sing bisa disebabna dening Kampas REM.

1. Rusake DiskBreake
Kampas REM sing entek bisa nyebabake rusake diskbreake, sebab lapisan kedua sing digawe saka besi beton bergesekan langsung karo wesi Diskbreake, yen wis gesekan bisa nyebabake bolog bolong ning wesi diskbreake sing ora bisa ditambani. alias kudu ganti diskbreake. eman eman kan? regane larang nangin rusak dening sesuatu sing sepele.

2. Percikan Api
yen kampas rem entek bisa nyebabake wesi baja kampas karo diskbreake gesekan sehingga bisa nyebabake percika api, sing percika kuwe sebenere sangat berbahaya juga, apamaning yen percikane ning daerah sing rawan karo gas gas mudah terbakar misale SPBU. POM Mini lan liyane. Kebayangkan yen percikan kuwe bisa merembet ning gas gas sing mudah terbakar? sepele sih nanging fatal.

3. Rosa Keselip
Bisa nyebabake roda keselip alias REM Ngunci, apa maning bahayane luwih parah ning motor motor matic. soale motor matic kan ora bisa dinggo Engine Breake.

Kebayang kan ngerine kaya gara gara masalah kang sepele nemen? sedurunge kejadiaan, yuuh segera ganti kampas REM sesuai standar pemakaian sing ditentukna pabrikan. .  Ganti sing Ori yaa? aja sing abal abal kaya kete mukidi bin Kliwon.

0 comments:

Post a Comment

ASTRAMotorSlawi

Luruh Ning Blog

ASTRA Motor Slawi. Powered by Blogger.

Berita Terkenal

loading...